Rabu, 17 Desember 2014


Wasita Adi

Wasita Adi merupakan pepatah bijak dalam bahasa Jawa.

Contoh kalimat yang merupakan wasita adi adalah sebagai berikut:
Ajining diri saka ing lathi,Ajining sarira saka busana
(Ajining diri iku dumunung saka ungkeling ukara.Mula den ati-ati ing samubarang rembug.Pamrihe aja nglarani atine liyan.Alus,manis lan trapsilaning ukara nglungguhake badan saengga kepraban minangka wong becik.Semono uga ajining sarira,yaiku sapa wonge ngepenake penganggone sarana busana kang patut uga trapsila -ora kudu larang,nanging salaras karo kahanan,bakal ngluwesake pasrawungan lan mapanake kalungguhan ing papan kang luwih kinurmat).
Artinya :
Kepribadian seseorang terletak dari bagaimana dia bertutur kata.Maka harus berhati-hati di setiap ucapan agar tak menyakiti hati orang lain.Halus dan santun saat bertutur akan menempatkannya sebagai orang baik.Begitupun dengan penampilan fisik.Siapapun yang mengutamakan memakai pakaian yang pantas dan santun -bukan berarti mahal,tapi selaras dengan keadaan,akan luwes dalam hubungan serta akan menempatkannya di tempat yang lebih terhormat.




Berikut ini adalah contoh wasita adi yang lainnya:
  1. Janma mara janma mati : gawat
  2. Entek jarake : bangkrut
  3. Njentik arep dijempol : menehi dijaluk meneh (memberi tetapi kemudian diaminta lagi)
  4. Nandur pari jeru : ngapiki wong duwe karep (berbuat baik kepada seseorang karena memiliki keinginan meminta sesuatu)
  5. Mirong akampuh jingga : ninggal sing ditresnani (ditinggal orang yang disayangi)
  6. Kongsi jambul wanen : tuwa banget (terlalu tua)
  7. Nunggang jaran ebeg-ebeg : seneng kebablasan (menyukai sesuatu secara berlebihan)
  8. Jurang growoh ora mili : katone loma jane medhit (kelihatannya baik tetapi sesungguhnya pelit)
  9. Ngaru napung : sial bareng
  10. Kebo kakehan sungu : kakehan anak (kebanyakan anak)
  11. Sedhen kayu aking : golek saksi sing wis mati (mencari saksi yang sudah meninggal)
  12. Kebo mutung ing pasangan : ninggalke gawean sing durung rampung (meninggalkan pekerjaan yang belum selesai)
  13. Nggepuk kemiri : gawean gampang (pekerjaan mudah)
  14. Kempladheyan ngejak sempal : sedhulur ngajak susah (saudara ngajak susah)
  15. Ora keris ora keras : wong mlarat nanging merwabawani (orang miskin tetapi berwibawa)
  16. Kethek setanggon : bebarengan tumindak ala (bersama-sama melakukan hal yang tidak baik)
  17. Rampek-rampek kethek : ngati-ati cedhak wong ala (berhati-hati bila dekat orang dengan kelakuan yang tidak baik)
  18. Nglungguhi klasa gumelar : mungkari nemu kepenake (hanya mau ikut yang senang tidak mau susah)
  19. Ditemu kuwuk : ketemu sing dibutuhke tanpa ngabari dhisik (bertemu dengan yang dibutuhkan tanpa memberi kabar terlebih dahulu)
  20. Kuntuk diunekke dandang : wong apik diarani ala (orang baik dibilang buruk)



2 komentar:

  1. sak durunge di emot, prayogane disuwunake pitedah saka para sepuh kang luwih permana ing basa, jalaran akeh tinemu tulisan sing ora bener

    BalasHapus
    Balasan
    1. Yen ndeleng tulisan tulisan ing medsos, basa Jawa sing ditulis nganggo aksara latin aku satemene sedhih banget jalaran akeh tulisan sing ora bener. Mangka yen tulisane salah tegese ya bisa owah.Luwih saka iku bisa njalari rusaking basa.

      Hapus