GEDHONG SETAN DENING SUPARTO BRATA
Judul : Gedhong
Setan
Panyerat : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Taun terbit : 2010
Jumlah halaman : 108
Novel
Gedhong Setan kuwi nyeritakake gedhong utowo omahe wong cina sing wis suwe ora
di enggoni, nek kene ana wong sing jenenge Totje sing ape lungo ana ing gedhong
setan, nek Gedhong Setan deweke sangu kamera kanggo foto-foto. Ing cerita iki
ana prawan indo jenenge Soniaheniie Heuvelman sing awake molig, rambute pirang,
irunge bangir, kulite alus. Deweke dolan ana ing omahe Totje, Soniaheniie
ngajak dansah Totje, wong loro kuwi dansah mesra banget.
Nalika malem jumat kliwon, Totje
arep mlebu ana ing Gedhong Setan, ora dikira ujug-ujug ana nonik sing mara ana
ing omahe totje, ternyata bocah kuwi mahu Jaan Van Vliet, Jaan iku bakal
ngancani utowo bakal dadi seksi nek Totje kuwi mlebu ana ing Gedhong Setan.
Nalika Totje ape budal menyang Gedhong Setan ternyata Soniaheniie teko ana ing
omahe Totje, Soniaheniie arep melu ngancani Totje menyang Gedhong Setan. Wis cukup
wengi wong telu kuwi budhal nmpak dokar, bareng wis tekan dalan cedak Gedhong
Setan wong telu iku nyabrang dalan nyabrang ril OJS ngliwati kreteg. Pas ape
mlebu ana ing Gedhong Setan kancane Totje yaiku jaan ilang, saka ilange jaan
Soniaheniie dadi wedi.
Totje kuwi ora percaya anane memedi,
pas Totje arep mlebu ana ing Gedhong Setan, Totjt diweden-wedeni Jaan nek nek
jero Gedhong kuwi ana mata gede mencorong, tapi Totje ora percaya, deweke malah
kudu ndang weruh jeronr Gedhong Setan, bareng wis mlebu ana ing Gedhong Setan
ternyata nek kono ora ana apa-apane, sing jarene Gedhong Setan kuwi omah dhemit
lan weweden liyane, Totje motreti pojok-pojok gedhong sing jare ssuhe wewe
gombel. Pas wektu kuwi nek sekolahane Totje ana debat perkara “ana lan arane setan,
jin, gendruwo lan sapanunggalane” ana narasumber sing cerita nek ning Gedhong
Setan kuwi ana setane, narasumber kuwi mau langsung dibantah karo Totje, sidang
debat dadi gumremeng rame, pada mbelani wong sing dadi narasumber lan trus pada
nentang Totje, wani pora Totje mlebu ana ing Gedhong Setan. Akhire club kuwi
pada setuju nek Totje kudu mlebu ana ing Gedhong Setan, sak durunge Totje mlebu
ana ing Gedhong Setan Totje kon maca ndisik isi majalah d’Orient nomer 211
tanggal 4 september 1941.
Terus isuke Totje disilihi majalah kancane terbitan
meh rong minggu kepungkur, Tekan omah Totje maca majalah kuwi mau sing ditulis
dening wartawan Ben Roenberg. Ana sing cerita jare sapa sing wani mlebu ana ing
Gedhong Setan mesthi ditekoni setan, ilu-ilu banaspati, utowo nyawane wong-wong
sing tahu manggon kono biyen. Wong waras bisa edan kamigilan. Yen ora
katepakan, sok bisa mati ndadak, marga giris atine kaget weruh sesurupan kang
ngedab-edabi.
Sak wuse Totje maca majalah kuwi mahu, Totje tetep
ora percaya nek ning Gedhong Setan kuwi ana demite. Akhire wong telu kuwi pada mlebu ana ing Gedhong Setan, ing jero
Gedhong Setan wong telu kuwi mahu pada dipetuki arwah-arwahe wong sing ndek kae
ngenggoni omah kuwi. Ceritane sing ngenggoni omah kuwi ndekkae yaiku wong cina
sing matine gara-gara bunuh diri, ana sing ditusuk lan ana sing gantung diri.
Totje lan kanca-kancane pada wedi, apa maneh Soniaheniie lan Jann. Saka kejadian
kuwi Totje lagi percaya nek nek Gedhong Setan kuwi ana demit lan liya-liyane.
Bar kejadian kuwi Totje awake lara ana ing rumah sakit, deweke turu ana ing
kamar sing resik gumrising, ana kembang kiriman maneka warna ing vas.
Totje etok groeten lan pengaji-aji saka
kanca-kancane sak kelas lan oleh hadhiyah pangalembana saka ‘t Hoofd Commissarist van de Politie. Para sing andher
banjur pada nyalami Totje ana sing nyandang pulisi pangkate komisaris, ana sing
nyandang klambi dhokter, lan liya-liyane. Padha nyalami Totje karo ndremimil
ngucapake slamet lan pangalembana. Esuke, dina ngaat paing, Totje metu saka
rumah sakit, waras-wiris mung gares karo bathukke isih krasa njarem. Banjur wis
tekan kamar omah, Totje langsung disusul mamine, Totje diweruhi foto-foto
hasile njepret.
Lan ternyata peristiwa kuwi mung akal-akalane Jaan
supaya bisa sir-siran karo Sonia. Lan lelungan kuwi digunakake dening Jaan
kanggo ngumbar hwa nafsu seksuale. Sonia uga ngerti maksute Jaan sing jahat.
Lan saii Totje mudeng apa wae sing dilakoake Jaan pas nek Gedhong Setan.
Ceritane dadi saya gamblang. Totje wis bungkar kegiatane de Vijfde Cologna kang
ditindakake dhedemian dening wong jepang, wong jepang nglakoni kaya kuwi mau kanggo kepentingane negarane.
Basa sing digunakake ing novel iki angel dimengerti
sebab jeneng-jeneng sing digunakake nganggo basa inggris. Macane kudu dibolan-baleni,
tapi alur ceritane gampang dimengerti.
Kudune pengarang aja nggunakake basa sing angel
dimengerti, soale ora kabeh wong isa ngerteni basa sing ana ing karya sastra
jawa iki.hong Set Sing kurang saka novel iki yaiku gambar sing ana ing sampule,
gambare ing novel Gedhong Setan iki serem, dadi wong sing mung delok sampul,
ora maca ceritane do berpikir nek cerita novel Gedhong Setan iki serem banget.
JEMINI DENING SUPARTO BRATA
Judul : Jemini
Panyerat : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Taun terbit : 2012
Jumlah halaman : 196
Ing novel Jemini iki ceritakake bocah wadon sing
pas cilikane ndablek, bantahan lan ora keno dikandani, gaweane Jemini ning omah
mung dolan wae ora tahu gelem diongkon dening emake. Banjur Jemini wis dewasa
emake Jemini kepingin Jemini ndang omah-omah. Sapa wae wongtuwa mesthi kepingin
anake ndang omah-omah.
Jemini
dijodohake karo Urip wong lanang sing wis patang tahun dadi serdadhu. Senajan
tanpa nari Jemini Wagiman lanang wadon wis nampa panglamare Urip, ing Surabaya
emake Jemini wis persiapan kanggo dina dhaupe Jemini karo Urip. Saking repote
ngatur bakal dina dhaupe Jemini, wong tuwane Jemini ora kober nari Jemini. Malah
jemini ngerti saka kancane nek jemini kuwi bakal kawin. Mantene Jemini di
tanggapake wayang lulang saka sala sajrone patang bengi, telung bengi tutuge
dianakake tayuban.
Sajrone
seminggu Urip lan Jemini lungguh ing klasa cedhak peturon, peturone direngga
apik, klambu dalah spreine putih memplak. Tapi sprei kuwi lungset wae ora marga
jemini ora gelem turu kono. Bubare gawe Jemini diboyong menyang tangsi
sambongan, senajan wis bengi Jemini ra gelem turu awor Urip, mung polahe anteng
lan meneng wae, Jemini ora akur lan moh diawori Urip. Esuk-esuk jemini tangi
sadurunge akeh wong pada tangi, sikile jinjit, ngempet ambegan, Jemini lunga
ninggalke kamare banjur bali ana ing omahe wong tuwane. Ditinggal Jemini Urip
dikon sabar, barang denteni telung sasi Jemini tetep wae moh bali karo Urip.
Ing
sawijining dina, Jemini kerep melu ngeterake matengan menyang omahe Radian.
Saka kerep ngeterake matengan menyang omahe Radian kuwi Jemini banjur ditaksir
karo Radian, Jemini ora ngira babarpisan anggone ngrewangi nek omahe Radian
dadi rembuge wong tuwane, Jemini dinasehati karo bapake, ing pikirane Jemini
lan bapake bab Radian padha, bapake eman
ngeculake Jemini marang Radian. Nanging antarane Jemini lan bapake kepeksa
nggunem bab Radian, sepisan merga Radian wis nguculake panembung, aping
pindhone Jemini rumangsa ora kepenak minggat saka nggone Urip. Akhire Jemini kawin
karo Radian, Radian nrng tangsi betawi kuwi ora klebu nduweni pangkat dhuwur,
kelakuane Radian kuwi ora owah karo dhek ana pas ana nek Surabaya, yen mlaku
nguncluk ora nyawang ngiwa-nengen, arang nyapa kanca utawa tangga. Saka kawine
Jemini lan Radian kuwi kanggo rekasane Jemini, esuk-esuk deweke kudu wis tangi,
nggodhog wedang. Sarapan esuk kudu wis rampung jam pitu sedurunge Radian budhal
menyang markas, blanja sadina-dinane Jemini diurus, Radian kenal ciu, kerep
lunga bengi, mulih mendem karo misuh-misuh. Ambune kaya tape ketan. Urip karo
Radian Jemini kerep dikasari. Di kayak ngono Jemini ora kuat Jemini lunga saka
omahe Radian.
Metu
saka omah wis esuk. Nanging tekan jaban tangsi deweke bingung arep lunga
ngendi. Jemini nyangking tase klonthang-klanthung ora karuwan tujuane. Senajan
kesel deweke tetep mlaku, bareng krungu thuwite sepur, pikirane kaya digugah,
deweke kudu numpak sepur supaya adoh saka kutha Betawi. Jemini mlaku ana ing
omah kartakusumah, Jemini nek kana ketemu wak Thalib, sak wuse Jemini bali ana
ing omahe kartakusumah, wak Thalib ngandani emake Jemini yen Jemini ana ing
kartakusumah, banjur emake lan bapake Jemini nyusul, banjur Jemini melu bali
emake, ing omah Jemini ngrewangi dodol emake nek kantin, nek kantin kuwi Jemini
disenengi karo Piet Coertzoon, Jemini diajak Piet nonton sirkus, Piet Coertzoon
ora mung sepisan ngajak lunga Jemini. Malah sidane terus terang kepingin mboyong Jemini menyang
panggonane.
Satemene
sajrone srawung karo Piet, akeh kesenengan kang dirasakke. Landa kang kalok
kereng yen dhong dhines, nyatane karo Jemini ora kereng. Dadi satemene diboyong
nyang kampung landa kuwi kanggone Jemini yo ora peksan. Jemini seneng srawung
raket karo Piet. Urip karo Piet pancen Jemini seneng, merga Piet kuwi wong sing
apik lan ora tahu aneh-aneh kaya Den Radian. Saben akhir bulan nalika Piet
gajian, tekan ngomah ning ngarepe Jemini, dhuwit mau langsung dikekke Jemini.
Saya
suwe tresnane Piet marang Jemini saya nandhes. Lan akhire Jemini lan Piet kawin
ana ing greja. Sawise nikahan Jemini lan bojone golek omah liya. Banur setahun
kawin Jemini nduwe anak sing dijenengake Linda. Sak wuse nduwe anak Jemini
ditinggal Piet menyang negara walanda, banur wis nem sasi nek negara walanda,
Piet ngirim layang nek deweke bakal budhal menyang indie sesasi engkas. Akhire
Piet bali menyang indie, deweke langsung marani Jemini , marani Linda, Jemini
dirangkul. Pranyata omonge Piet kena dipercaya, Jemini bakal seteruse urip karo
Piet. Jemini ora bakal pisah, ora bakal pedhot maneh karo Piet Coertzoon.
Basa
sing digunakake ing novel iki gampang dimengerti. Alure lan ceritane gampang
dipahami. Novel iki gawe wong sing lagi sepisanan maca pengen reti piye
ceritane selanjute.
Ing
novel iki gunakake basa Jawa Timuran. Sing
kadhang-kadhang ana tembung sing ora dingerteni. Tapi saka kuwi para pembaca
isadadi reti sethithik basa Jawa Timuran.
Sak
liyane nyeritakake cerita jaman walanda novel iki kadang nyeritakake cerita
saru. Ing novel iki pengarang
nyeritakake tokoh utama kanthi sak jelas-jelase.
KETEMU SUWIRANING DAGING DENING C.IS.SARJOKO
Judul : Ketemu
Suwiraning Daging
Panyerat : C.Is.Sarjoko
Penerbit : Azza Grafika
Taun terbit : 2013
Jumlah halaman : viii + 114
Ing novel iki nyaritakake antarane abdi lan
bendarane sing pada senengan. ing kampung Laweyan Sala ana priyayi luhur asmane
Kanjeng Raden Tumenggung Widyodiningrat, nduwe garwa asmane R.A. Retno Windarti
lan nduwe anak siji yaiku Raden Ajeng Wara Artanti, keluarga kuwi nduwe adi
jenenge mbok Ginah lan Darno. Akhire wong loro kuwi jejodhohan lan nduweni anak
jenenge Harjo. Harjo kuwi bocah sing pinter, sregep tur lugu, Harjo ngrewani
bapake kerja ana ing perusahaan batik milike bendarane, ing sawijining dina
Harjo kursus nyopir, saka kursuse kuwi Harjo dicekeli mobil lan bisa diutus
ngeterake dagangan batik marang para pelanggane.
Wara
Artanti saya dewasa lan deweke wis nduweni rasa seneng marang Harjo. Wara
Artanti sikape perhatian marang Harjo. Semono uga Harjo pada wae yo nduweni
rasa tresna marang Wara Artanti. Ing sawijining dina nalika Wara Artanti lan
Harjo bali ngeterake mbakyune Retno Harjanti nek mobil mung kari bocah loro
kuwi, banjur bocah loro kuwi omong-omongan lan akhire wong loro kuwi pada
ngerti nek antarane Harjo lan Tanti pada tresnane. Banjur bocah sing lagi
kasmaran kuwi pacaran lan saling perhatian.
Sawijining
dina rama lan ibune Tanti diaturi ngetan karo pamane. Jroning atine Wara Artanti
bungah, dene bakal ana kebebasan luwih akeh kanggo nyedaki Harjo kekasihe. Si
mbok Ginah lan Darno wis pada turu ana ing kamar, banjur omahe dadi sepi. Wara
Atanti nonton TV neng dalem ageng, ning pikirane tumuju marang Harjo. Gandeng
ora bisa ngempet notoling ati, mula TV dipateni, nuli alon-alon deweke tumuju
kamare Harjo. Wong loro sing lagi kasmaran kuwi ora bisa ngempet nafsu
birahine.
Pindhane
sawah dhayung wiji tumiyung, tibaning wiji ing lemah subur, tumuli nyokot lan
ngoyot sing mengkone bakal tuwuh subur manut kodrating urip. Wara Artanti
ngandeng patang wulan, deweke ora doyan mangan, awake kuru, pas Tanti metu saka
kamare arep ning kamar mandi, kedaya awak lemes, lakune Tanti sempoyongan,
Artanti tiba. Artanti diundangake Dokter Husada, Dokter Husada ngendika nek
kala telung dina ora ana kaceke Tanti kon gawa ana ing Rumah Sakit. Telung dina
kapungkur Tanti ora ana kaceke deweke digawa ana ing Rumah Sakit, saka kedadean
kuwi dhokter ngendika marang ibune Tanti yen Tanti ngandhut anake Harjo. Banjur
ibune Tanti kaget, lan ramane duka. Banjur Harjo ditendang lan diaran-arani Kanjeng
Raden Tumenggung Widyodiningrat.
Harjo
mung bisa meneng lan atine lara, banjur Harja lunga ninggalke omah lan Tanti.
Anake Tanti lahir dijenengake Ayuningtyas. Harjo lunga ana ing Cirebon. Ing
Cirebon Harjo manggon ana ing omahe pak Sabar, ing omahe pak Sabar Harjo melu
usaha dodolan batik. Bareng wis rada
suwe Harjo lunga ninggalke omahe pak Sabar. Bar melu pak Sabar Harjo pengen
bali menyang Sala, ana ing perjalanan Harjo ketemu pak Slamet. Harjo melu pak
Slamet ana ing yogjakarta, pak Slamet nduwe anak wadon siji jenenge Sukarsih.
Antarane Sukarsih lan Harjo pada seseengan, akhiere wong loro kuwi mau di
jodhohake lan kawin terus nduweni anak sing jenenge Eka Purwanti.
Ning
yogjakarta Harjo ya usaha dodolan batik karo pak Slamet lan Sukarsih. Ing
sawijining dina Sukarsih kulaan batik ana ing Sala yaiku ning tokone Wara
Artanti. Ing kono antarane Wara Artanti lan Sukarsih pada kenal akrab, antarane
anake Sukarsih lan Tanti saya akrab, kaya-kaya sajake kakang adhi. Pas wektu
ape ngelahirake anak ke loro Sukarsih lan bayine dipundhut dening Gusti. Ngerti
nek Sukarsih kuwi tinggal Tanti kaget lan akhire sing layat ana ing omahe
Sukarsih diwakilake dening anake yaiku Ayuningtyas. Sajak kok wis kenal akrab
kaya-kaya saduluran Ayuningtyas nginep ana ing omahe Eka Purwati. Ayu dikonkon
Tanti ngancani lan hibur Wati.
Telung
dina sak wuse Sukarsih tinggal. Tanti mara ana ing omahe Sukarsih. Ora diduga
Tanti ketemu karo Harjo, loro karone pada kaget lan pada kangen-kangenan.
Banjur Harjo ngomong marang Wati lan Ayu nek bocah loro kuwi kakang adhi, bocah
loro kuwi anak kandhunge Harjo mung beda ibu. Kabeh rumangsa beja, Harjo wis
bali ngumpul gegantilaning ati.
Basa sing digunakake ing novel iki gamoang dipahami
merga. Ing novel iki ora nggawa basa Jawa Timuran kaya novele Suparta Brata. Ing
novel iki sing digunakake basa kromo, dadi kanggone pembaca sing rodok ora isa
basa krama isa ajar lan ngerti saka maca novel iki.
Ing
novel iki nyeritakake antarane abdi lan bendara sing pada senenge. Alur sing
digunakake ing novel ki alur maju, dadi sing maca ora bingung lan menikmati
ceritane.
Ing
novel iki sampule ora apik, ora kayak sampul novel-novel liyane. Tapi senajan
sampule ora apik, ceritane apik lan sing maca uga menikmati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar