PEPINDHAN
Pepindhan iku unèn-unèn jroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Yèn ing basa Indonésia disebut pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang ngemu karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara pengantènan utawa jroning babagan sastra.
Tuladhané Pepindhan
- A
- Abange kaya godhong katirah
- Ali-aliné nggunung sapikul
- Ayune kaya dewi Ratih
- B
- C
- D
- Dalane mbathok mengkureb
- Dedege ngringin sungsang
- Dhuwure kaya othak-othak méga
- G
- Galaké kaya macan manak
- Gelunge ngadhal mènèk
- Gendhéwané awangun kadhal meteng
- I
- Jogèdé kaya merak kasimpir
- Jogèdé kaya mucang kanginan
- L
- Lakuné kaya macan luwé
- Lambéyané mblarak sempal
- Leléwané milangoni
- M
- Mantu mbata rubuh
- Mlakune ngodhok
- Mundur mungkur gangsir
- N
- Nangise ngorong-orong
- Nyengité kaya dhemit
- O
- Omahé awangun glathik mungup
- Omahé awangun klabang nyandher
- P
- Padhangé kaya rina
- Pinteré kaya bisa njara langit
- Polahé kaya gabah diinteri
- R
- S
- Sambaté kaya grantang
- Suguhané mbanyu mili
- Sumbaré kaya bisa mutung wesi gligèn
- T
- Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
- Tekadé kaya geni lan urupe
- Tulisané mbata sarimbag
- U
- Utangé nyundhul empyak
- Utangé turut usuk
- W
- Wangsulané saur manuk
- Wrangkané gayaman
sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Pepindhan diunduh Rabu, 3 Desember 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar