Minggu, 14 Desember 2014

KASULTANAN DEMAK

KESULTANAN DEMAK
Kerajaan islam sing pertama nek Jawa yaiku Demak. Sing ngadek tahun 1478 M. Prabu Brawijaya V, yaiku anak terakhir sing nguasai Majapahit lan nduweni anak akeh. Lan bojoneyaiku putri Campa “Dewi Kien” saka suku campa negara Kamboja. Putri Campa nduwe anak3, sing pertama nikah karo Brawijaya, sing nomer 2 nikah karo Pendeta Mustakim, sing paling keri jenenge Syeh Ibrahim Asmara sing nduwe anak jenenge Raden Rahmat. Raden Rahmat teka nek jawa nduwe gelar Sunan Ampeldentan, sunan Ampeldenta yaiku wong sing pertama mempelopori nyebarke islam nek Jawa. Putri Campa nduweni anak 3, sing pertama wedok dikawinke karo Prabu Andayaningrat nek pengging, sing nomer 2 lanang jenenge Raden Lembupeteng, lan sing nomer 3 jenenge Raden Gugur.
Anak Prabu Brawijaya sing lahir nek Palembang saka ibu Putri Cina yaiku Raden Fatah, Raden Fatah karo adike Raden Kusen lunga aa ing Tanah Jawa. Raden Kusen ngabdi karo Raja Majapahit lan dikei jabatan Adipati Terung, tapi Raden Fatah moh ngabdi tai milih snau ngaji karo Kaneng Sunan Ampeldenta.
Putri Harya Teja yaiku bojnone Sunan Ampeldenta nduwe anak 3 yaiku: Nyai Ageng Manyura, Sunan Bonang, Sunan Drajat. Nyai Ageng Manyura nduwe anak jenenge Nyai Ageng Mandaka, putu saka Sunan Ampel kuwi arep dikawinke karo Raden Fatah.wis suwe Raden Fatah tinggal ana ing Ampeldenta lan wis kenal akrab karo Nyai Ageng Mandaka, Raden Fatah lan Nyai Ageng Mandaka wis podo senenge. Ing sawijining dina Sunan Ampel ngomong karo Raden Fatah “nak, lungoo ngulon, misale nek kono ana wit-witan ilalang urip sing ambune wangi, netepo ning kono sebarna ajaran islam, sapa ngerti nek kono bakal ana kutha sing gede, dadio kowe nengkono penguasa, ngakhirake kuasanane wong-wong budha” wis nduweni bekal cukup lan nasihat-nasihat sin cukup akhire Raden Fatah mangkat. Wis tekan gon sing dikarepke gon kuwi wis ditebangi gawe desa, saya suwe akeh wong sing netep ning kono. Wong sing nek kono diajari agama islam, salat 5 waktu saben omah nduwe langgar. Dadine nggon kuwi saya rame akeh wong dodolan sing moro rono lan seneng nek kono. Akhire jumlah penduduke 10.000 kaya dadi negara.
Waktu majapahit krngu kabar ning bintara ana sing ngedeke kerajaan tanpa njaluk ijin ndisik karo baginda, baginda ngundang adipat pecatanda dikon nyerang ning bintara Demak amarga baginda sumelang nek ngalahno majapahit. Adipati pecatanda ngomong “oh tuanku, mbok dimaklumi sing tinggal nek desa bintara iku isih sedulure tuan dewe sing lahir teka tunggal ibu tapi beda bapak, lha nek tuan kuwi keturunan adipati palembang, kakang tuan iku ndisik kuwi nduwe ibu ning cina, sing wis meteng diserahno ning adipati palembang, akhire metu anak lanang sing sak iki urip ana ing bintara. Krungu penjelasane Adipati Terung Sang Prabu kaget, eling jaman kae, terus sang baginda ngomong “hai, adipati Terung,panggilah kakangmu kon ngadep aku sakiki” Adipati Terung mangkat nek Bintara marani Raden Fatah terus dijak nek Majapahit. Akhire baginda ngijinke Raden Fatah tinggal nek Bintara lan dikei kedudukan Aipati nek Bintara. Bar dikei penjelasan adipati diijinke bali nek Bintara. Rden Fatah ora langsung bali nek Bintara tapi mampr nek Ampeldenta ndisik,.
Raden Fatah ngomong karo sunan Ampel pengen nyerang kerajaan Majapahit gen wong jawa gelem meluk agama islam. Tapi sunan Ampel ora setuju, akhire Raden Fatah nesu sebab maksud tine mau ora disetuui sunan Ampel.
Bar Adipati Bintara bali saka Ampeldenta Adipati terus bali nek Bintara Demak. Beberapa tahun kepengker akeh para maulana lunga ana ing jawa melu netep ing Bintara kanggo ngembangke agama islam. yaiku Maulana iskak saka tanah arab, dijupuk mantu saka Raja Blambangan, nduweni anak siji, diusir saka Blambangan, dijupuk anak karo Nyi Ageng Tandes Gresik, terus diwenehke karo Sunan Ngampel dan dijupuk mantu dikawinke karo anake saka bojo paminggir. Akhire iso dadi penguasa Jawa sing gelare Sunan Giri.
Maulana Kusen, ya saka tanah Arab, lunga ing tanah Jawa netep ing Ampeldenta lan diperintah dadi imam nek Madura, yaiku wilayah Raden Lambupeteng nek Sumerep, Blega, lan Madura wis mlebu islam kabeh. Maulana Kusen kawin karo anake Ki Ageng Gribig.
Sak wuse Sunan Ampel wafat, dimakamke ana ing Ampeldenta. Pas pemakaman para wali pada kumpul ana ing Ampeldenta. Para wali ngadakke musyawarah kanggo ngangkat Adipati Bintara menjadi sultan, kanggo nyerang Majapahit sebab nek agama islam wong islam diolehake nyarang wong kafir. Nek Bintara wis pada kumpul para wali lan para bupati, sing mimpin musyawarah yaiku Sunan Bonang, pasukan Demak wis ada mangkat ana ing Majapahit, nek Majapahit Sag Prabu Brawijaya wis krungu berita nek negerine pediserang pasukan Demak. Baginda kaget sebab ana anak sing wani ngelawan wong tuane, akhire ngakon Ptih Gajahmada kon nyambut penyerangan pasukan saka Demak, ngatur pasukan lengkap karo senjata perang, Adipati terung sakti, deweke ngamuk antarane pasukan Demak, kabeh wong sing wis masuk agama islam mbelani pasukan saka Demak tapi wong-wong sing agamane isih budha mbelani pasukan Majapahit, seingga perang kuwi mau dadi rame.
Ninggalke cerita mau nek Demak para ali ape ngadekake peresmian masjid, kabeh wong wis pada setuju lan mbagi tugae dewe-dewe. Para wali diwajibke nyediakke kayu dewe-dewe, kabeh wes siap mung sunan kalijaga tok sig durung nyediakke kayu, Sunan Kalijaga malah mung delok wong-wong sing wis gawe cagak. Pas waktu bengi Sunan Kalijaga ngumpulke tatal-tatal sing pada kecer terus ditumpuk-tumpuk lan sing gedene wis diukur terus disabda dadi cagak. Esuk-esuk Sunan ngundung wis teka, teka karo Adipati Bintara, lan akhire Masjid iku mau didekke lan dadi.
Nek Demak para wali bersengketa nentoake arah kiblat, Sunan Kalijaga ngadek munggah ana ing pucuk masjid, pucuk masjid dicekel tangan kiwo, terus sing tengen nyekel ka’bah para wali sepakat nek arah masjid wis bener. Sunan Bonang weruh buntelan gemantung ana ing gon imaman, sng ora diketahui asal mulane, pas bungkuan kuwi mau dijupuk, bungkusan kuwi mau tibo ana ing ngarepe Sunan Bonang, terus bungkusan kuwi mau dibukak ternyata isine klambi bekas koh nggne Nabi Muhammad, nek jero bungusan mau yo ono surate sing isine pemberitahuan bahwasurat klambi kuwi kanggo Sunan Kalijaga, kabeh wali pada kaget,
Nek jero bungkusan mau ana rompi Antakusuma, rompi Antakusuma kuwi ditujukake kanggo sapa wae sing pas nganggo, sak bare kuwi rompine terus dijajal para Wali wolu, pas wektu dijajal ana sing longgar lan ana sing sesek utawa keciliken, pas Sunan Kalijaga njajal rompi Antakusuma kuwi ternyata ngepas nek awak ora keciliken yo ra kegeden pas nek awake Sunan Kalijaga, tapi ana sing ngomong nek bungkusan sing ditemokke mau ki anugrah koh nggone Nabi Muhammad kanggo sunan kalijaga. Pas rompi Antakusuma kuwi mau di nggo sunan Kalijaga para wali liyane pada kagum sebab menurut pandangane para wali warnane beda-beda ana sing abang ana sing ireng, ana ugo sing muni kuning, putih lan liya-liyane lan para wali nyimpulke nek rompi utawa kotang mau warnane iso gonta-ganti.kotang utawa rompi Antakusuma wujude ageman sing dikiaske pegangan santri sng di nggi sunan kalijaga pas ape dakwah. Pas nganggo rompi antakusuma kuwi mau aurane Sunan Kalijaga bersinar. Para wali sanga sepakat nek rompi antakusuma kuwi kanggo Sunan Kalijaga, tekan sakiki Sunan Kalijaga sing nganggo rompi pemberian Nabi Muhammad SAW, tekan sakiki rompi Antakusuma diabadikke nek duwur pusaran makame Sunan Kalijaga. Barang sing jenenge kotangantakusuma kuwi is didadekke pusaka, sapa wae sing iso nganggo kotang Antakusuma tantu iso kuat dadi raja penguasa tanah jawa, yo iso digelari Kyai Gondil.
Sak wuse bar ngedekake masjid, Sunan Ngudung nerusake pimpinan pasukan ing arena pertempuran Majapahit, Sunan Ngudung nyileh Kyai Gondil kanggo perang, Sunan Bonang pesen yen Adipati Terung terpojok patenano, Sunan Ngudung wis tekan ana ing arena pertempuran, sing mimpin pasukan Demak yaiku Sunan Kudus lan Sunan Ngudung, sedangkan pasukan Majapahit dipimpin karo Patih Gajahmada lan Adipati Terung, pasukan sing dikerahke Majapahit jumlahe akeh banget, pertempuran antarane pasukan Majapahit lan pasukan Demak antarane wong islam lan wong budha, ke loro kubu kuwi mau berusalah membunuh, Adipati Terung berlaga karo Sunan Ngudung, San Ngudung Akhire dipateni karo Adipati Terung, kyai Gondil bali dewe anan ing demak karo awake lumuran getih. Sunan kalijaga kaget ning atine kepikiran yen Sunan Ngudung wis kalah ing perang, jenazahe Sunan Ngudung digowo nek Demak lan dimakamke ing sekitar Masjid Agung Demak.
Sak wuse Snan Ngudung seda, sng nganti kedudukane yaiku Sunan Kudus, bantuan prajutit saka Madura lan Panaraga teka, bala pusaka mangkat berbondong-bondong, Sunan Kudus dikei pusaka Sunan Bonang yaiku tongkat. Pas waktu bengi para wali ngatur siasat, yaiku mbukak peti saka palembang, pas dibukak metu satus ewu tikus, ewunan tikus kuwi mau nyerbu ngentekke persediaan pangan para prajurit Majapahit. Esuk-esuk pasukan Majapahit wedi weruh ewunan tikus mangani barang-barange. Liyane kuwi kerise Sunan Giri seng jenenge Kyai Kalakumunyeng iso ngetoake tawon sing akhire melu nyerang pasukan Majapahit. Hiasan dada sing di nggo Sunan Cirebon iso ngetokake suara menggelegar nek angkasa, keaadaan dadi peteng ndedet, petir berkilatan, kewan-kewan ora ono sing isih, rakyat Majapahit ngerasakke kaya kiamat, dikiro lanite ape runtuh, para pasukan Majapahit pada ngumpet golek perlindungan, ora ono sing minat perang maneh, Adipati Terung bali ana ing omahe. Sang Prabu Brawijaya karo permaisuri ngilang ora ngerti arahe. Mung Putri Cmpa sing manggon ana ing istana sebab seneng agama islam melu anake.
Sak wise Majapahit runtuh,sing ditandai karo : sirna ilang kartaning bumi, langit katon cerah, pasukan Demak mlebu ana ing istana. Raden Gugur melarikan diri ing panaraga, tapi deweke isin yen melu kumpul ana ing kerajaan Demak.deweke ape bunuh diri, terus deweke tapa ana ing gunung lawu. Pangeran Kudus utawa Sunan Kudus krungu yen Adipati Terung ape berontak lan wis ngadekake benteng kanggo nampung pasukan, beliau memohon ijin karo Sultan Bintara kanggo nandingi Adipati Terung.
Adipati Pacattanda wis krungu yen deweke bakal diserang Pangeran Kudus, deweke ngintik saka balik benteng pengen reti sepiro kekuatane musuhe, sak wuse
Pangeran Kudus wis cedak, menurute Adipati Terung Sunan Kudung ngirimke sewu pasukan, pasukane Terung gentar deweke pengen menyerah,. Adipati Terung keweden lan deweke pengen menyerah. Adipati Terung masang bendera warna putih sing pertnda yen deweke nyerah lan deweke ngirim surat.
Singkat cerita, anake Adipati Terung dikawinke karo Sunan Kudus, pas kuwi dina senin ana perkumpulan wali, kanggo musyawarah ngangkat Sultan Bintara dengan sebutan Senapati Jinbun, liyane kuwi Adipati Palembang nduweni gelar Narapati. Pengangkatan raja iki disaksikke para wali, lan diumumke ing tanah Jawa , sing di percaya dadi patih yaiku Patih Mangkurat, yen jaman kae enenge Ki Wanasalam.
Putri Campa permaisuri Brawijaya sing isih netep ana ing kraton, sak wuse majapahit runtuh deweke digowo nek Bonang, Putri Campa agamane islam. putri Campa ngerasa yen deweke wis tuwo banjur emoh diajak bali ana ing Majapahit, lan deweke tetep tinggal ana ing Bonang. Teka sedane Putri Campa ana ing Bonang lan makame ana ing Karang Kemuning wilayah Bonang.
Alkisah menantu Brawijaya sing pertama yaiku Adipati Andayaningrat nduweni anak 2 yaiku Kebo Kaniraga lan Kebo Kenanga. Kebo Kaniraga moh meluk agama islam deweke milih tapa ana ing gunung merapi sampai mati. Kebo Andayaningrat wafat, sing ngganti Adipati Pengging yaiku Kebo Kenanga bergelar Ki Ageng, dweke gelem meluk agama islam lan berguru karo syeh siti jenar, kancane Ki Ageng Tingkir.
Pas pergantian tahta Kasultanan Demak. Sunan Kudus wis tekan nek Demak laporan hasike kerjane, sultan bintara seneng atine sakiki wis ilang pengganggu ketrentaman atine, suwe-suwe sultan bintara nduweni 6anak yaiku : pangeran Sabrang lor, yaiku anak pertama sing kawin karo putri saka Bathara katong, Pangeran Trenggono, anak ke 2 yaiku pangeran seda lepen, pangeran kanduruan, pangeran pamekas, lan Putri Nimas Ratu sng kawin karo karo pria Bagelan.
Sak wuse sultan Bintara seda, sing nggantikke kedudukane yaiku Pangeran Sabrang Lor. Ora suwe dweke memerintah Pangeran Sabrang Lor seda, dimakamke cedak ramana. Istana Demak terus diduduki karo pangeran trenggana, direstui karo para wali, patihe yo diganti. Sing asale patihe Mangkurat diganti anake yaiku Patih Wanasalam. Pas masa jayane pangeran trengana dolan ana ing omahe Sunan Gunung Jati, saka gone Sunan Gunung Jati sultan trenggana etok gelar Sultan Ahmad Abdul Arifin.
Pas masa kuwi nek Demak ana perang sedulur yaiku matine anak pertama Sultan Patah yaiku Pangeran Sabrang Lor. Akhire dad rebutan kekuasaan antaran anak-anake Sultan Patah. Akhire kerajaan Demak dipimpin karo Trenggana. Lan Akhire Pangeran Trenggana dadi sultan ke 2 ing Demak, pas wektu kekuasaane Pangeran Trenggana Demak ana ing puncak keemasan.
Pangeran Trenggana ninggalke 6 anak. Anake sing pertama kawin karo Pangeran Lenggar, anak sng nomer 2 Sultan Prwoto, anake sing nomer 3 kawin karo Pangeran Kalinyamat, anake sing nomer 4 kawin karo Pangeran Cirebon, anak sing nomer 5 kawin karoJaka Tingkir lan anak sing terakhir yaiku Pangeran Timur. Arya Penangsang dipengaruhi utawa dihasut karo Sunan Kudus kon bales kematian bapake. Raden Kikin utawa Pangeran Sedo Lepen pas rebutan kekuasaan. Arya Penangsang iso nguwasai Demak lan bisa nguasai Demak. Sak wuse Pangeran Trenggana wafat Sultan Prawoto nggantikake Sultan Trenggana, Sultan Prawoto dad raja ke-3 nek Demak. Krungu cerita kaya ngono Arya Penangsang menggerahe pasukane kanggo nyerang Demak.pas kuwi posisine Demak lagi kosong armada. Akhire Arya Penangsang ngancurake Demak sig isih sisa ung masjid Agung Demak.
Arya Penangsang we berhasil mateni Sunan Prawoto lan Pangeran Kalinyamat, saka matine Pangeran Kalinyamat bojone Pangeran Kalinyamat gawe sayembara. Sapa wae sing iso mateni Arya Penangsang, deweke etuk aku lan bandaku. Krungu sayembara kuwi Jaka Tingkir sanggup. Jaka Tingkir diewangi karo Ki Ageng Panjawi lan Ki Ageng Pamanahan. Akhire Arya Penangsang iso dpateni lan Ki Ageng Panjaw etok hadiah tanah pati, lan Ki Ageng Pamanahan etok tanah mataram.
Jaka Tingkir ngabdi ana ing Demak. Bagus Karebet anak sing ditinggalkekaro Ki Ageng Kebokenanga, sekitar umur 10 tahun, ganteng, gagah, seneng banget karo wayang kulit, melu ngabdi ki dalang akhire isa mainke wayang. Bagus Karebet yaiku anak yatim piatu terus dipek anak karo Nyi Ageng Tingkir, Ki Jaka Tingkir disayang lan dimanja karo Nyi Ageng Tingkir. Deweke seneng berkelana mlebu ana ing gua-gua sing sepi ana ing pegunungan, cita-cita Jaka Tingkir pengen dadi prajurit, deweke ajek lunga nek hutan 3 dina lagi bali, kadang-kadang ya tekung dina telung wengi, ibune sedh sak wse Jaka Tingkir bali langsung ditangisi . jaka Tingkir dikonkn ibune ngewanhi acul ana ing sawah, Jaka Tingkir langsung nyusul pembantune ana ing sawah.
Juru sawah ngerti yen tanahe teka, tapi pas waktu mangan Ki Jaka ora melu mangan, deweke pengen nunggoni sawahe wae, pas kuwi Sunan Klijaga teka nek sawah. Singkat cerita Jaka Tingkir diterke karo santri ana ing Demak, nemoni Ki Ganjur, santri kuwi mau ngabarake pesen Nyai Ageng kanggo Ki Ganjur, yakuwi nyerahke Jaka Tingkir gen iso dijak ngabdi karo baginda Sultan. Jaka Tingkir selama ana ing gone Ki Ganjur kesibukan mung melu Ki Ganjur ngadep baginda yen ana pertemuan utawa nyerahke suatu, ing sawijning dna pas Sang Sultan ape sembhyang, metu saka masjid dikawal 30 pengawal, dewekw pada siapa ana ing pinggir kolam.
Pas Kanjeng Sultan wis tekan, Kanjeng Sultan nyedaki Jaka Tingkir . ketika sang raja wes cedak, Jaka Tingkir gugup mloncat karo membelakangi kolam, deweke tekan ning seberang, pas wektu kuwi kanjeng Sultan weruh.
Runtuhe Kerajaan Demak. Sak wuse wafat Pangeran Trenggana nimbulake kekacauan politik gede ing keraton Demak, nek Demak ana pertentangan antarane para waris sing pada rebutan tahta. Wong sing kudune ngganti keddukane Pangeran Trenggana yakuwi Pangeran Sekar Sedo Ing Lepen. Tapi deweke dpateni karo Sunan Prawoto sing ngarep dadi pewaris tahta kerajaan. Arya Penangsang anake Pangeran Sekar Sedo Ing Lepen ora trimo sebab deweke sing berhak warisi tahta Demak. Snan Prawoto karo para pendukunge berhasil dipateni lan Arya Penangsang munggah tahta. Tapi Arya Penangsang ora tahan suwe sebab Arya Penangsang dikalahke Jaka Tingkir sing diiwangi karo Kyai Gede pemanahan lan anake Sutawijaya. Jaka Tingkir munggah tahta lan penobatane dilakokke Sunan Giri. Sak wuse dadi raja deweke ndueni gelar Sultan Handiwijaya lan mndahke pusat pemerintahane saka Demak nek Pajang.
Sultan Handiwijaya hormati wong-wong sing wis berjasa. Luwih-luwih karo wong sing ndek kae ngiwangi perang ngelawan Arya Penangsang. Kyai Ageng Pemanahan etok tanah mataram lan Kyai Panjawi dikei tanah ana ing pati. Loro-lorone diangkat dadi bupati ing daerah koko. Sutawijaya anake Ki Ageng Pemanahan diangkat dadi anak angkat sebab jasane naklukke Arya Penangsang , deweke pinter nek bab keprajuritan, sak wuse Ki Ageng Pamanahan wafat Sutaijaya diangkat ngantikake Ki Ageng Pamanahan.
Sak wuse Sultan Handiwijaya seda, anake sing jenenge Pangeran Benawa diangkat dadi penggantine, terjadi pemberontakan sng dilakokke Arya Penggiri, aake Sultan Prawoto. Deweke ngeasa yen deweke nduweni hak atas tahta Pajang. Pemberonakan itu digagalkekaro Pangeran Benawa sing diewani Sutawijaya. Pangeran Banawa sadar yen deweke lemah, ora iso ngendalikke pemerintahan, apameneh ngadepi musuh-musuh lan bupati-bupati sing engen nglepaske saka kekuasaane Pajang. Kanggo sedulur tirine,pas wektu kuwi Sutawijaya jabat dadi bupati mataram lan kerajaan Pajang dipindah nek Mataram.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar