Minggu, 30 November 2014

Contoh Cakepan Tembang Macapat dengan Tema KONSERVASI

S.M pocung laras slendro pathet manyuro
Bapak ibu aku kelingan kandhamu
Nguripi budaya
Kanthi cara edipeni
Kabeh kuwi pitutur ingkang sayektos

S.M Durma suragreged laras slendro pathet sanga
Bareng nandur tetanduran ben raharja
Anyegah datan geming
Bumi dadi reja
Ijo jroning bawana
Royo-royo bumi iki
Nyegah bawana
Supaya ora banjir

S.M Kinanthi laras pelog pathet barang
Ayo konco pada melu
Budayakno negri iki
Bebarengan padha jaga
Kanthi cara kang sayekti
Rame-rame resik desa
Dadi negara pertiwi
S.M Asmaradana-jakaloda, laras pelog pathet barang
Ayo padha sadar diri
Mendhing pada mangan telo
Hare ben golah tanahe
Tanah subur tansinawang
Tinandur samubarang
Bumi ijo katon subur
Royo-royo kang prayoga

S.M Gambuh natakusuman, laras pelog natakusuman
Ayo para sedulur
Njaga bumi ben uripe makmur
Kanthi cara mbudayakno sami-sami
Dadi sehat lingkunganmu
Sehat awak njaba njero

S.M Pangkur laras slendro pathet sanga
Wisma kang ginawe nyata
Katon endah sinawang katon asri
Resik godhong wis sinapu
Kembang katoto nyata
Latar jembar kakilotan selo mangging
Wisma resik ing melala
Anggawe santosa sami



Jumat, 28 November 2014

Geguritanku

Adem angin sumilir
Adem hawa kang nambahi kemrenyesing awak
Kaendahan pegunungan kang nyengsemi
Gawe tentreme ati iki
            Maneka warna pemandangan alam
            Wiwit saka tlaga,kawah,uga sumur
            Ora ketinggalan candi kang ana sejarahe
Iku kabeh ana ning daerah  tlatah  Jawa
Antarane Wonosobo lan Banjarnegara
Dieng kang kasebut  negeri kahyangan




kasusastran Jawa

Bab  kasusastran menika wonten macam-macam tembung inggih menika paribasan, bebasan, sanepa lan saloka.
A. Paribasan yaiku ukara/unen-unen sing tegese wentah dudu pe-pindhan.
B. Bebasan yaiku tetembung sing ngemu tugas pepindhan.
C. Sanepa yaiku unen-unen sing ngemu teges unen-unen.
sumber : Pepak Basa Jawa
AKSARA JAWA
Ingkang kedah dipun lestarekaken dhumateng para kadang mudha-mudhi..











 

Kamis, 27 November 2014

Sugeng dalu para kadang. Wengi iki aku ana kuliah wengi, Ketrampilan Produktif Tulis. Nadyan awak krasa kesel, tapi tetep SEMANGAT!!
Semangat kanggo kanca-kanca SASTRA JAWA 2013!!
Cek ya..