Minggu, 30 November 2014

Contoh Cakepan Tembang Macapat dengan Tema KONSERVASI

S.M pocung laras slendro pathet manyuro
Bapak ibu aku kelingan kandhamu
Nguripi budaya
Kanthi cara edipeni
Kabeh kuwi pitutur ingkang sayektos

S.M Durma suragreged laras slendro pathet sanga
Bareng nandur tetanduran ben raharja
Anyegah datan geming
Bumi dadi reja
Ijo jroning bawana
Royo-royo bumi iki
Nyegah bawana
Supaya ora banjir

S.M Kinanthi laras pelog pathet barang
Ayo konco pada melu
Budayakno negri iki
Bebarengan padha jaga
Kanthi cara kang sayekti
Rame-rame resik desa
Dadi negara pertiwi
S.M Asmaradana-jakaloda, laras pelog pathet barang
Ayo padha sadar diri
Mendhing pada mangan telo
Hare ben golah tanahe
Tanah subur tansinawang
Tinandur samubarang
Bumi ijo katon subur
Royo-royo kang prayoga

S.M Gambuh natakusuman, laras pelog natakusuman
Ayo para sedulur
Njaga bumi ben uripe makmur
Kanthi cara mbudayakno sami-sami
Dadi sehat lingkunganmu
Sehat awak njaba njero

S.M Pangkur laras slendro pathet sanga
Wisma kang ginawe nyata
Katon endah sinawang katon asri
Resik godhong wis sinapu
Kembang katoto nyata
Latar jembar kakilotan selo mangging
Wisma resik ing melala
Anggawe santosa sami



Tidak ada komentar:

Posting Komentar