Tampilkan postingan dengan label GEGURITAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label GEGURITAN. Tampilkan semua postingan

Rabu, 17 Desember 2014

wewayang guritku


Saiki jaman modern
Kabeh sarwa cepet
Sandhang pangan, teknologi, media
Kabeh canggih
Sing ora melu jaman wis kuna, ora gaul
Hape gawanan cah tembe wingi
Tontonan kanggo cah gedhe
Wong tuwa prentah ngece-ece
Beja gelem tandang gawe

Apa iki sing jare majune jaman?
Ilang tata, ngetut edane jaman
Apa iki sing jare majune jaman?
Gawe laku mingkur sekabehan
Jati dhirining bebangsan apa kudu ilang?


Layang Katresnan
                                                                      
Meja kayu aneng pojok kamar
Gegambaran coretan-coretan waton
Tumpukan kertas putih kae
Kaselip aneng laci meja
Dudu kertas tugas,
Iki layang !
Layang swara atiku marang sliramu
Sliramu kang dadi pepujaning ati
Amung bisa njerit saka ati
Marga iku dadi gandhulaning uripmu



Kamis, 11 Desember 2014

geguritanku

Wengi kae aku nduweni angen-angen
Eseme rembulan ambyar
Nalika aku bukak jendela kamar
Kaya-kaya sing tak angen-angenake
Saya cedak
Ing wengi iki
Aku mung bisa tinunggu
Tekane angen-angenku
Mugio tinutug dening awakku
Kang wus tak angen-angenku
Kang wus tak ucapake
Lan aku amung bisa donga
Mugio tinutug marang aku
amin.


Jumat, 28 November 2014

Geguritanku

Adem angin sumilir
Adem hawa kang nambahi kemrenyesing awak
Kaendahan pegunungan kang nyengsemi
Gawe tentreme ati iki
            Maneka warna pemandangan alam
            Wiwit saka tlaga,kawah,uga sumur
            Ora ketinggalan candi kang ana sejarahe
Iku kabeh ana ning daerah  tlatah  Jawa
Antarane Wonosobo lan Banjarnegara
Dieng kang kasebut  negeri kahyangan