Pemerintah
Kang Mbalekake Kurikulum 2013 dadi KTSP.
Pembelajaran
Kurikulum 2013 dibalekake dadi KTSP. Akeh pihak-pihak pada ngarani nek
keputusane pemerintah mbalekake kurikulum 2013 dadi KTSP iku suatu kemunduran
dalam dunia pendidikan Indonesia. Menurut Mantan Menteri Pendidikan lan
Kebudayaan, Muhammad Nuh, nalika kurikulum 2013 dibalekake dadi KTSP ndadiake
para siswa lan guru tuku buku anyar meneh, padahal buku-buku kurikulum 2013 wis
digratisake”.
Menurut
Menteri Pendidikan lan kebudayaan (Mendikbud) Anies Baswedan, Kurikulum 2013 implementasine durung akeh
kesiapane lan durung efektif. Sing diawali saka ora siape guru, distribusi buku
sing durung rata, lan pelatihan guru sing durung efektif uga kesusu.
Kurikulum
2006 luwih ditujukake marang kualitas guru-gurune, nalika kualitas guru apik
kualitas murid ya bakal apik. Anies Baswedan uga ngendika yen Kurikulum 2013
iku namung nguji ing sekolah-sekolah sing wis siap tok, tapi nyatane akeh sekolah-sekolah
sing durung siap. Nalika pemerintah ngumumake Kurikulum 2013, isih akeh
masalah-masalah sing ana ing Kurikulum 2013. Yaiku, Kurikulum 2013 iku Kurikulum
sing durung mateng. Sebab antarane
kompetensi kelulusan lan materi sing diajarke iku ora sesuai karo buku sing
diajarke. Kurikulum 2013 berbasis diskripsi. Menurut Anies Baswedan kurikulum
2013 angel dilakokake ing Indonesia, sebab jumlah murid sing ana ing kelas
paling ora jumlahe 40. Sistem kurikulum 2013 cocoke dilakokake ing negara
Eropa, sebab nek kana jumlah siswane perkelas namung 20.
Menurut Mantan Mentri Pendidikan lan
kebudayaan muhammad Nuh, dadiake Kurikulum 2013 dadi KTSP iku suatu kemunduran,
“Nak mbalek marang kurikulum 2006 iku justru mundur, sebab durung tentu KTSP
luwih apik saka kurikulum 2013. Butuh waktu maneh kanggo nglatih guuru-gurune.
Lan iku salah sijine saka pemborosan negara. Para orang tua iya kudu tuku buku
KTSP maneh”.
Menurute, ing tahun 2012 kemendikbud
wis pernah ngadakake UKG (uji kompetensi guru) kanggo mengevaluasi penguasaan
guru marang KTSP . Nanging nilai rata-ratane mung 45. Padahal Kurikulum 2006
wis 6 tahun dilakokake
KTSP
perlu direvisi dadi Kurikulum 2013, KTSP ora ngajarake pelajaran sejarah ing
Sekolah Menengah Kejuruan (SMK), nanging kurikulum 2013 nyempurnakake pelajaran
iku mau kanggo kabeh sekolah SD,SMP,SMA lan SMK. Ing sekolahan KTSP uga mbatesi
pelajaran bahasa Indonesia mung 2 jam. nanging pelajaran bahasa Inggris 4 jam.
Ing acara kaleidoskop liputan 6
2014, tanggal 31 Desember 2014. Ana masyarakat lan guru sing setuju anane Kurikulum
2013. Menurut salahah sijine guru ing Batam “Kurikulum 2013 iku kurikulum sing
apik, sebab Kurikulum 2013 nyempurnakake KTSP. Ning Batam kabeh sekolah wis
gawa kurikulum 2013. Nanging Guru ing Batam iku tetp mematuhi keputusan
pemerintah sing Balekake KTSP.
Kepala Dinas Pendidikan Kota Malang
Zubaidah ngendikan, kanggo ngrubah kurikulum ing sekolahan mbutuhake wektu
kurang luwih 5 tahun. Saka kuwi pihake gawe sekolah tetep gunakake kurikulum
2013, merga tekan saiki durung ana pemberitahuan maneh saka pemerintah pusat.
Nanging
Saiki kurikulum wis dibalekake ing kurikulum 2006 utawa KTSP. Sebab Kurikulum
sing diluncurke pemerintah tahun 2013 iku Kurikulum sing mung setengah mateng
lan Kurikulum sing dipeksa dilakokake ing Indonesia.
Mbalike
Kurikulum 2006 utawa KTSP ana manfaat lan mandorote. mandorote agawe para siswa
lan guru pada bingung, misale sekolah-sekolah ing desa, lagi wae sekolah iku
mau nglakoake Kurikulum 2013 nanging saiki kudu ganti nek kurikulum 2006 maneh.
lan Mbalike iku agawe orangtua murid pada bingung tuku buku jilidan KTSP. Kurikulum
sing maleh iki uga gawe siswa pada bingung, sing asale para siswa wis mulai
mudeng tentang materi kurikulum 2013 saiki kudu baleni saka awal maneh nyinauni
Kurikulum 2006 (KTSP).
Mbalike
kurikulum 2006 iki uga gawe para guru bingung agawe nilai semester akhir.
padahal nalika semester ganjil sekolah kuwi mau gawa kurikulum 2013. Nanging
saiki kudu balek ana ing kurikulum 2006.
Mbalike
kurikulum 2006 (KTSP) gawa manfaat kanggo toko-toko buku, sebab akeh para siswa
lan guru sing golek buku-buku jilidan KTSP.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar