Sabtu, 13 Desember 2014

ROMPI ANTAKUSUMA

ROMPI ANTAKUSUMA SUNAN KALIJAGA

Mesti dewe wis kenal sapa sunan kalijaga kuwi, sunan kalijaga yaiku salah sijine wali sanga sing jenenge wis dikenal ning masyarakat khususe wong jawa, sing terkenal saka Sunan Kalijaga yaiku kesaktiane lan kepinterane. Lan Demak merupakan kerajaan islam pertama sing ana ning pulau Jawa, salah sijine wali sing makame nek kadilangu yakuwi Sunan Kalijaga daerah Kadilangu kuwi daerah pemberiane Sultan Fatah, Sultan Fatah iku raja pertama, gara-gara kegigihane Sunan Kalijaga lan jasa-jasane Sunan Kalijaga majukke kerajaan Demak lan ngembanggke agama islam nek pulau Jawa.
Sak liyane nyebarke dakwah Sunan Kalijaga ya terkenal mbi kepinterane, jeneng asli Sunan Kalijaga yaiku Raden Said putranipun adipati tuban Wilwatikta. Raden Said di undang Sunan Kalijaga artine wong sing njaga kali. Ceritane mbiyen Sunan Kalijaga dikongkon Sunan Bonang kon njaga tongkat nek pinggir kali, saking suwene njaga tongkat nek pinggir kali Sunan Kalijaga ora keli tapi awake dirambati godong-godongan  lan suket-suketan. Lah saka kuwi Raden Said jenenge diceluk Sunan jaga kali sing sak iki dadi Sunan Kalijaga. Kuwi mau pengenalan tentang sunan Kalijaga lan ning kene aku bakal nyeritakke kotang utawa rompi Antakusuma Sunan Kalijaga.
Antakusuma sejarahipun inggih menika, rompi utawa nek jaman biyen jenenge kotang  sing digawe saka kulit domba. Pas ape peresmian Masjid Agung Demak Wali Sanga ngadakake pertemuan, pas wektu peresmian Masjid Agung Demak  wonten sebuah bungkusan gemantung tanpa centelan sing ditemukake, Sunan Bonang ngakon Sunan Kaljaga supaya bukak bungkusan kuwi mau , lah pas dibuka ternyata isi bungkusan kuwi mau yaiku rompi Antakusuma nek jero bungkusan kuwi mau ana surate sing nyebutake rompi utawa kotang Kuwi mau anugrah koh nggone Nabi Muhammad SAW lan  isine surat mau nyebutake nek surate koh nggone Nabi Muhammad.
Nek jero bungkusan mau ana rompi Antakusuma, rompi Antakusuma kuwi ditujukake kanggo sapa wae sing pas nganggo, sak bare kuwi rompine terus dijajal para Wali wolu, pas wektu dijajal ana sing longgar lan ana sing sesek utawa keciliken, pas Sunan Kalijaga njajal rompi Antakusuma kuwi ternyata ngepas nek awak ora keciliken yo ra kegeden pas nek awake Sunan Kalijaga, tapi ana sing ngomong nek bungkusan sing ditemokke  mau ki anugrah koh nggone Nabi Muhammad  kanggo sunan kalijaga. Pas rompi Antakusuma kuwi mau di nggo sunan Kalijaga para wali liyane pada kagum sebab menurut pandangane para wali warnane beda-beda ana sing abang ana sing ireng, ana ugo sing muni kuning, putih lan liya-liyane lan para wali nyimpulke nek rompi utawa kotang mau warnane iso gonta-ganti.
kotang utawa rompi Antakusuma wujude ageman sing dikiaske pegangan santri sng di nggi sunan kalijaga pas ape dakwah. Pas nganggo rompi antakusuma kuwi mau aurane Sunan Kalijaga bersinar. Para wali sanga sepakat nek rompi antakusuma kuwi kanggo Sunan Kalijaga,  tekan sakiki Sunan Kalijaga sing nganggo rompi pemberian Nabi Muhammad SAW, tekan sakiki rompi Antakusuma diabadikke nek duwur pusaran makam Sunan Kalijaga.
            Rompi antakusuma tekan sakiki isih kesimpen lan setiap tahun setiap tanggal 10 dzulhijjah/10 besar dikumbah acara kumbahan kuwi diarani acara utawa upacara penjamasan, dalam upacara penjamasan sing dijamas yaiku pusaka Antakusuma lan keris kyai cubruk uga pusaka liya-liyane. Pusaka loro tinggalane sunan kalijaga, ageman kotang antakusuma lan keris dijamas karo sesepuh ahli waris sunan kalijaga utawa bapa panembahan kadilangu. Pas wektu dijamas pusaka kuwi mau tetep ana ing jero peti lan ora oleh ditonton karo masyarakat utawa wong njaba, penjamasan dimulai kira-kira sekitar jam 09.00 bar shalat idul adha.
Acara penjamasan diadakke acara iring-iringan perlengkapan minyak jamas, upacara koyok ngono kuwi diadakke bareng acara iring-iringan grebek besar, grebek besar ana akeh tradisine kaya ta kirab budaya lan liya-liyane. Lah salah sijine koh acara grebeg besar yakuwi acara penjamasan acarane  grebeg besar sing ana nek demak pas tanggal 10 besar diiringi 40 prajurit, barisan rebana, kereta kuda, barisan barongan, pasar malem grebek besar. Acara grebek besar iki dalaksanaake setiap tahun, iring-iringan dilaksanaake koh pendapa kabupaten demak tekan makame Sunan Kalijaga sing ana nek desa kadilangu.
Upacara penjamasan carane ngolesake minyak jamas karo diolesi pusaka kuwi mau ditata lan di resiki saka debu utowo kotoran sing nempel. Pas wektu penjamasan ora ono lampu sing urip,  kabeh lampu di pateni ning cungkup makame sunan kalijaga, nek jero cungkup rodok redup soale mung dipadangi lilin papat. Suasana kayak ngono gawe tim sing njamasi pusaka kuwi mau dadi konsentrasi.
Sak durunge acara penjamasan tim panitia penjamasan pada melu tahlil nek ngarep makame sunan kalijaga, sak lebare tahlil juru kunci lan sesepuh bukak lawang makam karo nggowo minyak jamas.
Biasane sedina sak durunge upacara penjamasan rompi antakusuma sebagian wong utusan koh kraton Surakarta ngunjungi nek dalem kadilangu, wong-wong utusan kraton Surakarta pada teka nyerahke abon-abon utawa minyak jamas kuwi mau, minyak jamas diwenehake sesepuh ahli waris sunan kalijaga sing didampingi panitia penjamas.
Sak wuse acara penjamasan, sesepuh kadilangu lan para rombongan lan para tim penjamas mlaku menuju kadilangu karo nggowo turahan minyak jamas sing digawe  njamasi rompi mau,  setiap tahun minyake diganti.
Turahan minyak sing bar digawe njamasi rompi mau dibagikke kanggo rakyat sing njaluk minyak jamas. Masyarakat sing njaluk minak jamas ora mung masyarakat sekitar desa kadilangu tok tapi masyarakat koh luar-luar jawa ya akeh, masyarakat pada meyakini nek minyak jamas kuwi mau isa marikke penyakit tapi masyarakat podo dikandani nek kabeh ki koh nggone gusti Allah lan pas waktu pembagian masyarakat yo podo dikandani nek ora oleh gunakke minyak jamas kuwi kanggo hal-hal sing syirik soale minyak jamas kuwi mung sarana utowo perantara doa utawa wasilah koh nggone sunan kalijaga,muga-muga dewe ki ya etok syafaate.
Para penjamas lan sesepuh baris ana ing ngarepe para santri penabuh terbang lan prajurit nalika mlaku kaliyan diiringi lantunan shalawatan lan terbangan. Ewonan masyarakat pada nonton lan pada kumpul ngebaki dalan-dalan sing dilewai arak-arakan pengawal minyak jamas kuwi mau. Petugas sing nggowo  bokor minyak jamas ana ing duwur kereta berkuda lan dikawal ketat perajurit patangpuluhan. Pusaka-pusaka kuwi mau didasari wasiat sunan kalijaga supaya umat islam isa mbalek nek fitrahe lan iso mensucikan diri serta ningkatke iman lan taqwane, prosesi penjamasan dimulai saka pendopo kabupaten Demak sing sak durunge dipentaske pagelaran tari bedhoyo tunggal jiwo sing nglambangke “manunggale kawula lan gusti”. Tari kuwi mau dipentaske bocah remaja wadon sing jumlahe sanga, pas perjalanan nek kadilangu minyak jamas dikawal karo bhayangkara kerajaan Demak Bintoro lan diiringi kesenian tradisional jawa.

Penjamasan pusaka sunan kalijaga wis bar maka berakhirlah rangkaian acara-acara grebek besar lan acara penjamasan yaiku acara terakhir .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar