Rabu, 17 Desember 2014

wewayang guritku


Saiki jaman modern
Kabeh sarwa cepet
Sandhang pangan, teknologi, media
Kabeh canggih
Sing ora melu jaman wis kuna, ora gaul
Hape gawanan cah tembe wingi
Tontonan kanggo cah gedhe
Wong tuwa prentah ngece-ece
Beja gelem tandang gawe

Apa iki sing jare majune jaman?
Ilang tata, ngetut edane jaman
Apa iki sing jare majune jaman?
Gawe laku mingkur sekabehan
Jati dhirining bebangsan apa kudu ilang?


Layang Katresnan
                                                                      
Meja kayu aneng pojok kamar
Gegambaran coretan-coretan waton
Tumpukan kertas putih kae
Kaselip aneng laci meja
Dudu kertas tugas,
Iki layang !
Layang swara atiku marang sliramu
Sliramu kang dadi pepujaning ati
Amung bisa njerit saka ati
Marga iku dadi gandhulaning uripmu



Tidak ada komentar:

Posting Komentar