DOLANAN BOCAH "CUBLAK-CUBLAK SUWENG"
CUBLEK-CUBLEK SUWENG
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kewan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.
LIRIK LAGU
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
DOLANAN CUBLAK-CUBLAK SUWENG
Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng (anting).
Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang
bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora
ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing
provinsi Jawa Tengah
CARANE DOLANAN
Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut (ping sut), sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.
sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng diunduh Kamis, 4 Desember 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar