Judul : Kitab Primbon
“BETALJEMUR ADAMMAKNA”
Jumlah
halaman : 254 halaman
Lebar
kertas :
Tebal
halaman :
Isi :
Neptu
dina pasaran, sasi lan tahun

Senen neptu 4 Legi neptu 5
Selasa neptu 3 Pahing neptu 9
Rebo neptu 7 Pon neptu 7
Kemis neptu 8 Wage neptu 4
Jumuah neptu 6
Setu neptu 9
![]() |
Sura neptu 7 Rejeb neptu 2
Sapar neptu 2 Ruwah neptu 4
Rabingulawal neptu 3 Pasa neptu 5
Rabingulakir neptu 5 Sawal neptu 7
Jumadilawal neptu 6 Dulkaidah neptu 1
Jumadilakir neptu 1 Besar neptu 3
Macam-macam
Petung Salaki Rabi
1.
Petung
Pasatohan salaki rabi
Wetone penganten lanang lan wadon, neptune dina lan
pasaran digunggung, banjur kabage 9, lanang turah piro, wadon turah pira :

1 lan 2. Becik
1 lan 3. Kuat, adoh rijekine
1 lan 4. Akeh bilahine
1 lan 5. Pegat
1 lan 6. Adoh sandhang pangane
1 lan 7. Sugih satru
1 lan 8. Kasurang-surang
1 lan 9. Dadi pangauban
2 lan 2. Slamet, akeh
rejekine
2 lan 3. Gelis mati siji
2 lan 4. Akeh godane
2 lan 5. Akeh bilahine
2 lan 6. Gelis sugih
2 lan 7. Anake akeh
mati
2 lan 8. Cepak rijekine
2 lan 9. Akeh rijekine
3 lan 3. Mlarat
3 lan 4. Akeh bilahine
3 lan 5.
Gelis pegat
3 lan 6.
Oleh nugraha
3 lan 7.
Akeh bilahine
3 lan 8.
Gelis mati siji
3 lan 9.
Sugih rejeki
4 lan 4.
Kerep lara
4 lan 5.
Akeh rencanane
4 lan 6.
Sugih rejeki
4 lan 7.
Mlarat
4 lan 8.
Akeh pangkalane
4 lan 9. Kalah siji
5 lan 5.
Tulus bejane
5 lan 6.
Cepak rijekine
5 lan 7.
Tulus sandhang pangane
5 lan 8.
Akeh sambekalane
5 lan 9.
Cepak sandhang pangane
6 lan 6. Gedhe bilahine
6 lan 7.
rukun
6 lan 8. Sugih satru
6 lan 9.
Kasurang-surang
7 lan 7. Ingikum maring rabine
7 lan 8. Nemu bilahi saka awake dhewe
7 lan 9. Tulus palakramane
8 lan 8. Kinasihan dening wong
8 lan 9. Akeh bilahine
9 lan 9. Giras rijekine
Keterangan : Saupama weton penganten lanang jumuah kliwon
neptune 6 + 8 = 14 kabage 9, turah 5. Wetone panganten wadon jumuah paing,
neptune 6 + 9 = 15, kabage 9, turah 6. Dadi 5 lan 6 tibo cepak rijekine, iku
becik.
2.
Petung
salaki rabi
Weton panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran
digunggung, banjur kabage 4, turah pira.
Yen turah :
1.
Gentho, larang anak
2.
Gembili, sugih anak
3.
Sri, sugih rijeki
4.
Punggel, mati siji
Keterangan
: Saupama wetone panganten lanang jumuah pon, neptune 6 + 7 = 13. Panganten
wadon kemis paing neptune 8 + 9 = 17. Gungung 13 + 17 = 30, kabage 4 turah 2,
tibo Gembili, sugih anak, iku becik.
3.
Petung
salaki rabi
Wetone
panganten lanang wadon :
Akad lan Akad, kerep
lara
Akad lan Senen, sugih
lara
Akad lan Selasa, mlarat
Akad lan Rebo, juwana
Akad lan Kemis, padu
Akad lan Jumuah, yuwana
Akad lan Saptu, mlarat
Senen lan Senen, ala
Senen lan Selasa,
yuwana
Senen lan Rebo, anake
wadon
Senen lan kemis, disini
wong
Senen lan Jumuah,
yuwana
Senen lan Saptu, berkat
Selasa lan Selasa, ala
Selasa lan Rebo, sugih
Selasa lan Kemis, sugih
Selasa lan Jumuah,
pegat
Selasa lan Saptu, kerep
padu
Rebo lan Rebo, ala
Rebo lan Kemis, yuwana
Rebo lan Jumuah, yuwana
Rebo lan Saptu, becik
Kemis lan Kemis, yuwana
Kemis lan Jumuah,
yuwana
Kemis lan Saptu, pegat
Jumuah lan Jumuah,
mlarat
Jumuah lan Saptu, cilaka
Saptu lan Saptu, ala
4.
Petung
salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon neptune kagunggung banjur
kabage 10 utawa 7, turahe ora keno luwih saka 7. Manawa kabage 10 turahe luwih
saka 7, iku banjur kabage 7, angka turahane nuduhake ketemuning petungan.
Umpama panganten lanang wetone Rebo paing, kang wadon
kemis pon, neptune ana 7 + 9 + 8 + 7 =
31, kabage 10 turah 1, petunge tiba : wasesasegara.
Dene upama gunggunge neptu mau ketemu 28, iku menawa
kabage 10, ketemu turah 8, dadi luwih saka 7, iku ora kena mula ora kabage 10,
nanging kudu kabage 7, ing kana ketemu turah 7, petunge tiba “lebu katiup
angin”. Pratelane kaya ngisor iki.
Yen turah 1. Wasesasegara, kamot, jembar budine, sugih
pangapura gedhe prabawane.
Yen turah 2. Tunggaksemi, cepak rijekine.
Yen turah 3. Satriya wibawa, oleh kamuliyan lan
kaluhuran.
Yen turah 4. Sumursinaba, dadi pangungsening kapinteran.
Yen turah 5. Satriyawiran, nandhang dukacita, kawiraning,
isarat panulake ngetokake getih, umpamane mbelih ayam.
Yen turah 6. Bumikapetak,
petengan aten, nanging taberi ing gawe, kuat nandhang lara lapa, resikan,
isarat panulake mendhem lemah.
Yen turah 7. Lebu katiup angin, nandang papa cintraka,
kabeh karepe ora dadi, kerep ngalih omah, isarat panolake ngabul-abul lemah.
5.
Petung
salaki rabi
Wetone
penganten lanang wadon dinna lan pasarane neptune digunggung kabage 5, turah
pira.
Yen
turah : 1. Sri, 2. Dana, 3. Lara, 4. Pati, 5. Lungguh. Kang becik tiba: sri,
dana, lungguh. Yen tiba : lara lan pati, iku ala.
Keterangan
upama panganten lanang wetone akad wage, neptune 5 + 4 = 9, kang wadon wetone
Slasa Legi, neptune 3 + 5 = 8, lanang wadon neptune 9 + 8 = 17 dibage 5 turah
2, tiba dana, iku becik.
6.
Petung
salaki rabi
Wetone
panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran kagunggung, diwuwuhi neptune
sasi, taun lan tanggale, gunggunge kabage 9 turah pira. Yen turah : 1, 4, 7 ,
tiba wali, ala. Turah 2, 5, 8, tiba penghulu, sedheng. Turah 3, 6, 9, tiba
panganten, iku becik.
Pangetunge mangkene: upama wetone:
Penganten lanang dina Rebo neptu 7
Pasaran Kliwon neptu 8
Sasi Suro neptu 7
Tanggal ........ neptu 20
Taun Alip neptu 1
Panganten wadon Dina Jumuah neptu 6
Pasaran Pon neptu 7
Sasi Sapar neptu 2
Tanggal ........ neptu 14

Gunggung 78
78 kabage 9 = turah 6, tiba panganten becik.
7.
Petung
salaki rabi
Wetone
panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran kagunggung, diwuwuhi neptune
sasi, taun lan tanggale, nanging gunggunge mung kabage 3, turah pira. Yen turah
1 tiba begja, becik. Turah 2 tiba lara, ala. Turah 3 tiba pati, luwih ala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar