Rabu, 03 Desember 2014

DOLANAN BOCAH "CUBLAK-CUBLAK SUWENG"

CUBLEK-CUBLEK SUWENG
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kewan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.

LIRIK LAGU
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong 

DOLANAN CUBLAK-CUBLAK SUWENG
Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing dicublek-cublek iku suweng (anting). Dolanan iki biasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah 

CARANE DOLANAN

Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.
Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut (ping sut), sapa sing kalah, dadi. Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.

sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Cublak-cublak_suweng diunduh Kamis, 4 Desember 2014
 

 
 SALOKA

Saloka iku unèn-unèn kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake iku wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara.
Tuladhané:
  • Kebo nusu gudel
  • Kutuk marani sunduk
  • Ula marani gebug
  • Anak polah bapak kepradhah
  • Becik Ketitik ala ketara
  • Ana catur mungkur
  • Palang mangan tanduran
  • Sepi ing pamrih rame ing gawe
 sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Saloka diunduh Rabu, 3 Desember 2014
PARIBASAN

Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Ana ing basa Jawa biasa diarani saloka lan ana uga kang ngarani bebasan.
Tuladha :
  •  Kebo nusu gudel
  • Tega larane ora tega patine
  • Sepi ing pamrih rame ing gawe
  • Negara mawa tata, desa mawa cara
  • melok nanging aja nyolok

sumber :jv.wikipedia.org/wiki/Paribasan diunduh Rabu,3 Desember 2014
 PEPINDHAN

Pepindhan iku unèn-unèn jroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Yèn ing basa Indonésia disebut pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang ngemu karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara pengantènan utawa jroning babagan sastra.

Tuladhané Pepindhan

  • A
  1. Abange kaya godhong katirah
  2. Ali-aliné nggunung sapikul
  3. Ayune kaya dewi Ratih
  • B
  1. Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
  2. Bédané kaya bumi karo langit
  3. Bebetané ngadhal mèlèt
  • C
  1. Cahyane bingar kaya lintang johar
  2. Cep klakep kaya orong-orong kepidhak
  3. Cethile kaya Cina craki
  • D
  1. Dalane mbathok mengkureb
  2. Dedege ngringin sungsang
  3. Dhuwure kaya othak-othak méga
  • G
  1. Galaké kaya macan manak
  2. Gelunge ngadhal mènèk
  3. Gendhéwané awangun kadhal meteng
  • I
  1. Ijo kumpul padha ijo kaya bèthèt sayuta
  2. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
J
  1. Jogèdé kaya merak kasimpir
  2. Jogèdé kaya mucang kanginan
K
  1. Kenese kaya Dewi Banowati
  2. Kesité kaya laler
  3. Kuning kumpul kuning kaya podhang reraton
  • L
  1. Lakuné kaya macan luwé
  2. Lambéyané mblarak sempal
  3. Leléwané milangoni
  • M
  1. Mantu mbata rubuh
  2. Mlakune ngodhok
  3. Mundur mungkur gangsir
  • N
  1. Nangise ngorong-orong
  2. Nyengité kaya dhemit
  • O
  1. Omahé awangun glathik mungup
  2. Omahé awangun klabang nyandher
  • P
  1. Padhangé kaya rina
  2. Pinteré kaya bisa njara langit
  3. Polahé kaya gabah diinteri
  • R
  1. rarane nggeger sapi
  2. Rikaté kaya angin
  3. Rukuné kaya mimi lan mintuna
  • S
  1. Sambaté kaya grantang
  2. Suguhané mbanyu mili
  3. Sumbaré kaya bisa mutung wesi gligèn
  • T
  1. Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
  2. Tekadé kaya geni lan urupe
  3. Tulisané mbata sarimbag
  • U
  1. Utangé nyundhul empyak
  2. Utangé turut usuk
  • W
  1. Wangsulané saur manuk
  2. Wrangkané gayaman


    sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Pepindhan diunduh Rabu, 3 Desember 2014
 CANGKRIMAN

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan
  • cangkriman liya-liyané
Cangkriman Wancahan
Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contoné:
  • kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • yumaerong = yuyu omahé ngerong
  • suru bregitu = asu turu di bregi watu
  • pakboletus = tepak kebo lelene satus
Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
  • Sega sekepel dirubung tinggi = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Emboké wuda, anaké tapihan = pring
Cangkriman Blèndèran
Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil
Cangkriman kang kacetak wacanan
Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)
 sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Cangkriman diunduh Rabu, 3 Desember 2014
 WANGSALAN

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan

  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi

Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

sumber :http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan  diunduh Rabu,3 Desember 2014
PARIKAN


Apa kang diarani Parikan?
Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunakake purwakanthi swara.

Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku: 

Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha :
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda) Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda ) Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )
Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda ) Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda )

Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda). Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).

Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene

Enting-enting gula jawa Sabungkus isine sanga Ingatase para siswa Wajib seneng nggubah basa
Wetan kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada abote
Ali-ali temunpang kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora rumongsa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu) Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
Tuladha parikan warna telu

Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawa Luwih becik, sing prasaja
Nang jeruk, jambu nanas Rada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gula Aja ngamuk, enggal tuwa
tuku belut karo iwak lele ojo gelut karo bolo dhewe
Tawon madu ngisep sekar Dadi guru kudu sabar Kiwa tengen gawa jamu Aku kangen pingin temu

Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalen Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur Bareng makmur, banjur lali mring sadulur Manuk kutut, manggunge ngganter Yen ra nurut, bisa keblinger

Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).

4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa luwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jowo aja ngenyek padha kanca
manuk emprit menclok pager dadi murid kudu pinter

4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu aja nesu yen dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur bareng makmur, banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru dadi murid, kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca pengin mulya, aja wedi ing rekasa

8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati


sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan diunduh pada Rabu,3 Desember 2014